selamat datang CUPLIS5758

Minggu, 23 Juni 2013

MANTRA WEDHA ( Kidung Rumeksa ing wengi ) Sunan Kalijaga

1332090279194254365
sumber foto google
MANTRA WEDHA
( Kidung Rumeksa ing wengi )
Sunan Kalijaga
Ana kidung rumekso ing wengi
Teguh hayu luputa ing lara
luputa ing bilahi kabeh
jim setan datan purun
paneluhan tan ana wani
niwah panggawe ala
gunaning wong luput
geni atemahan tirta
maling adoh tan ana ngarah ing mami
guna duduk pan sirno
Sakehing lara pan samya bali
Sakeh ngama pan sami mirunda
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadi kapuk tibaning wesi
Sakehing wisa tawa
Sato galak tutut
Kayu aeng lemah sangar
Songing landhak guwaning Wong lemah miring
Myang pakiponing merak
Pagupakaning warak sakalir
Nadyan arca myang segara asat
Temahan rahayu kabeh
Apan sarira ayu
Ingideran kang widadari
Rineksa malaekat
Lan sagung pra rasul
Pinayungan ing Hyang Suksma
Ati Adam utekku baginda Esis
Pangucapku ya Musa
Napasku nabi Ngisa linuwih
Nabi Yakup pamiryarsaningwang
Dawud suwaraku mangke
Nabi brahim nyawaku
Nabi Sleman kasekten mami
Nabi Yusuf rupeng wang
Edris ing rambutku
Baginda Ngali kuliting wang
Abubakar getih daging Ngumar singgih
Balung baginda ngusman
Sumsumingsun Patimah linuwih
Siti aminah bayuning angga
Ayup ing ususku mangke
Nabi Nuh ing jejantung
Nabi Yunus ing otot mami
Netraku ya Muhamad
Pamuluku Rasul
Pinayungan Adam Kawa
Sampun pepak sakathahe para nabi
Dadya sarira tunggal
.
Ngger anakku
Menowo kowe wis mangerteni
Tembangno Kidung kuwi saben wengi
Ngleremake atimu lan murakabi sak kabehing
Lampahing uripmu nang ndonya iki
Nganti tumekaning akherat
Sajadahmu tuhu ngenteni
Ngrungokake kidungmu
Gusti gumuyu
Ngayomimu
.
TERJEMAHAN BEBAS
.
ARTI DOA
( Lantunan Kidung di Malam yang syahdu )
Sunan Kalijaga
Tahukah kamu,
Ada Lantunan Kidung dimalam yang syahdu
Yang menjadikanmu selamat, sehat dan kuat
Terhindar dari segala marabahaya
Jin dan setanpun tak kuasa
Semua sihir dan teluh tak mempan
Apalagi hanya perbuatan jahat
Guna guna pun menyingkir
Panas api menjadi sedingin air
Pencuripun kan menjauh darimu
Segala macam bahaya akan sirna
Semua penyakit tak akan datang lagi
Semua hama musnah tak menjangkiti
Dengan hati penuh kasih sayang
Segala macam senjata tak mempan
Laksana kapas membentur kerasnya besi
Segala macam racun hilang  bisanya
Binatang buas menjadi jinak
Walau seseram apapun daerahnya
Walau setajam apapun sang pertapa
Walau sekejam apapun penguasa
Walau dilahan kekuasan penjahat
Walau mataair dan lautan kering
Pada akhirnya
Kamu akan selamat
Karena dirimu
Di kelilingi bidadari
Dan di jaga malaekat malaekat
Semua Rosul turun dari haribaan Tuhan
Hatimu Adam, Otakmu Nabi Sis,
Ucapanmu adalah Nabi Musa
Nafasmu Nabi Isa yang mulia
Pendengaranmu Nabi Yakub,
Suaramu Nabi Daud,
Nyawamu Nabi Ibrahim,
Kesaktianmu Nabi Sulaiman,
Wajahmu Nabi Yusuf
Nabi Idris rambutmu
Ali sebagai kulitmu
Abubakar darahmu, Umar dagingmu
dan Usman sebagai tulangmu
Sumsummu adalah Fatimah yang amat mulia.
Siti Aminah sebagai kekuatan badanmu.
Nabi Ayub ada didalam ususmu.
Nabi Nuh didalam jantungmu.
Nabi Yunus didalam ototmu.
Pandangmu ialah Nabi Muhamad.
Air mukamu Rosul
Di Naungan Adam dan Hawa.
Lengkaplah semua Rosul
Menyatu dalam tubuhmu
.
Ngger anakku
Kalau dirimu sudah mengerti
Lantunkanlah Kidung itu tiap malam
Menenteramkan hatimu dan menyelesaikan
Semua permasalahanmu didunia fana ini
Maupun di akherat nanti
Sajadahmu menunggumu
Mendengar kidungmu
Alloh tersenyum
Menaungimu

.
.
.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar